English French German Spain Italian Dutch Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified

Sabtu, 17 April 2010

Upacara Siraman

Upacara Siraman Ini adalah panduan ataupun tuntunan untuk acara pernikahan dengan adat jawa (yang cukup rumit), sebelum acara pahargyan. Pada malam midodareni disana ada upacara siraman yang dilakukan oleh Bapak dan Ibu kepada kedua calon mempelai. Berikut cara melakukan siraman yang dikemas dalam bahasa jawa.
Upacara siraman, tinarbuka kanthi sowanipun putra calon penganten putri mjil saking sasana busana, manjing ing madyaning sasana upacara
Kalajengaken adicara pangabekten atur bektinipun putra calon penganten putri kakanthi dening rama lan ibu, tumuju dhumateng papan pasiraman, ingkang kawiwitan saking para pinisepuh, lajeng dipun pungkasi dening keng ramanipun putra calon penganten putrid. Wekasing sedya, tinengeran pamecahing Kendhisari.
Rapal mecah kendhi : Ora pati-pati mecah kendhi, nanging mecah Kendhisari, mecah pamore anakku jabang bayine Dyah …………………………….. (naminipun putra calon penganten putri), kadya mas sinangling, saking karsaning Allah.

Sabidaripun siraman, putra calon penganten putrid kapobong dening ingkang rama, tumuju dhumateng sasana busana, saperlu nindakaken upacara potong/pagas rikma. Sasampunipun rikma kapotong dening ingkang rama, tinampi dening ingkang ibu lajeng katanem wonten sangajenging dalem.
Rapal potong rikma : Ora ngguwang-ngguwang rambut, nanging angguwang sesukering anakku, kariya beja mulya, rahayu uripe.
Sasampunipun pegas rikma, kalajengaken adicara sadean dhawet. Kang rama saha ibunipun putra calon penganten putrid tumuju dhateng sasana sadean dhawet. Ingkang ibu anggendong senik wadah arta. Wondene ingkang rama hamuyungi. Sade dhawet kawiwitan dening ingkang ibu, dene ingkang rama hanampi arta sinambi mayungi. Pikantukipun arta kabuntel lajeng kaparingaken dhateng putra calon penganten putrid. Wondene pangandikanipun ibu dhumateng putranipun mekaten :
Ibu : Anakku ngger Dyah ……………………………… tampanana dhuwit, oleh-olehane dodol dhawet, muga-muga kena kanggo pawitane uripmu, lan iki jajan pasar maneka warna, pinangka pralampita Manawa ing bebrayan agung kuwi isine maneka warna, sing bisa anggonmu leladi ing bebrayan ya ngger.
Putra : Inggih Ibu, ngestokaken dhawuh.
Wondene minangka paripurnaning upacara siraman, inggih punika dhahar sekul tumpeng. Keng ramanipun putra calon penganten putri motong tumpeng sajen siraman, kaparingaken dhateng keng ibunipun putra calon penganten putri, lajeng diparingi lawuh, tumunten kaparingaken dhumateng ingkang putra calon penganten putri. Mekaten pangandikanipun ibu dhumateng putranipun.
Ibu : Anakku ngger, sing tak tresnani, tampanana rejeki peparinging Gusti lumantar rama lan ibu, muga-muga sega salawuhe iki murakabi sarandhuning badan lan ndadekake seger bagas waras jiwa lan ragamu.
Putra : Inggih Ibu.
dari berbagai sumber

Tidak ada komentar:

Posting Komentar