English French German Spain Italian Dutch Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified

Sabtu, 17 April 2010

Panutup Pawiwahan Temanten

Sampun paripurna pahargyan prasaja ing siyang/dalu punika, lumantar pangendhaliwara sepindhah malih panjenenganipun Bapa/Ibu ………………………, ngaturaken gunging panuwun saha hambok bilih anggenipun hanampi menggah karawuhan panjenengan sami, wonten kuciwaning bojakrami, wonten anuh ingkang kirang wanuh, lungguh ingkang kirang mungguh, miwah suguh ingkang kirang lawuh, mawantu-wantu ingkang hamengku gati, nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

Semanten ugi kula minangka pangendhaliwara, hambok bilih wonten gonyak-ganyuking wicara, cawuh kliruning basa, kisruhing paramasastra, miwah kiranging suba sita ingkang singlar ing reh tata krama, jenang sela wader kali sesondheran, apuranen menawi lepat atur kawula. Sepindhah malih tahu kecap Purwasari, menawi wonten keladuking patrap lan pangucap nyuwun pangaksami.

Matur nuwun, mboten langkung kawula handherekaken sugeng kondur, mugi wilujeng dumugi ing ndalem.
Akhirul kalam, billahi taufik wal hidayah, Wassalamu’alaikum Wr.Wb.
#Memilih jodoh
Bobot, lare ingkang badhe kapundhut mantu/semah kangge anak punika, kados pundi menggah kawontenanipun ing babagan drajat, pangkat, lan pasinaonipun.
Bibit, lare ingkang badhe kapundhut mantu/semah kangge anak punika turunipun sinten. Liripun tedhaking atapa, wijiling ngawirya, punapa namung trahing kawula limrah. Sarta ingkang nuturaken panapa dene larenipun nggadhahi sasakit ingkang dados awisanipun jejodhohan punapa boten. Kajawi punika kados pundi menggah watak lan budipekertinipun.
Bebet, lare ingkang badhe kapundhut mantu/semah kangge anak punika kados pundi menggah kawontenanipun ing bab kasugihan utawi kadonyan cekap punapa boten.
Terjemahan dalam bahasa Indonesia :
Bobot : kalau ingin mencari jodoh harus memperhatikan dalam hal pangkat, kedudukan dan derajadnya.
Bibit : apakah calonnya itu pesakitan dan bagaimana budi pekerti dan martabatnya.
Bebet : apakah calonnya itu keturunan dari orang berada/kaya.
Kemudian setelah menjadi jodohnya dan terjalin perkawinan, selanjutnya bekerja untuk cari duit (benwit) he he he he.
##Piwulang utami
Untuk melengkapi postingan sebelumnya mengenai istilah bobot, bibit dan bebet, berikut ini Kang Suko lengkapi terkait dengan piwulang utami. Piwulang ini sangat cocok dan berguna sekali khususnya bagi mereka yang akan memasukki bahtera kehidupan baru, dan umat manusia umumnya.
Secatur (sarupa, sajiwa, sawanda lan saekapraya)
Sarupa : kekalihipun rumaos menawi garwanipun punika bagus/ayu piyambak
Sajiwa : kedah saged momong watak satunggal-satunggalipun
Sawanda : adeging bebrayan pamonging gesang kekalih
Saekapraya : kedah jumurung dhateng karsa, cipta tuwin sedya ingkang sae lan utami
Tepa ing rasa, Dana ing tepa, Temen tobating rila
Tepa ing rasa : tepa menika ukuran, rasa punika pangraos. Samukawis patrap lan makarti punika kedah manut raosipun piyambak. Menawi tumrap raosipin boten sekeca ing prayogi, sampun dipun cakaken dhateng tiyang sanes
Dana ing tepa : rasa pangraosbmakaten punika, kula aturi ngecakaken ing bebrayan agung, adatipun saged sumingkir saking watak srei drengki, jahil methakil, dahwen, panasthen, kamiopen
Temen tobating rila : tumrap kakung, kanthi temen tresna garwa, martobat sampun tuman rabi malih, rila legawa narima trusing batos garwa satunggal boten telas salaminipun, adatipun saged nyaketaken tresna bektinipun garwa. Tumrap putrid semanten ugi, adatipun nyaketaken sih tresnanipun kakung
Guna, Kaya lan Sura
Guna : sugih kabisan
Kaya : saged ngendalekaken asil
Sura : pun wani utawi kendel
Sadaya gegayuhan saged kaleksanan, jer linambaran kuwanen, kados piwulangipun Prabu Rama dhateng Wanara Seta Anoman “Sapa wani ing gampang, wedi ing kewuh, samubarang nora bakal bisa kelakon”
Gemi, Nastiti, Ngati-ati
Gemi : ora gelem ngetokake waragat kang ora perlu
Nastiti : weruh ing petung, ora gampang keblithuk
Ngati-ati : bias ngormati marang guna kayaning laki
Rigen, Mugen, Tengen
Rigen : bias nata amrih tata lan prayoga
Mugen : manut sapakon, nora rongeh
Tengen : teteg utawi tawakal
Kabrayan, Kahartan, Kayuswan, Kawibawan (Panca utamaning gesang balewisma)
Kabrayan : sugi anak
Kahartan : sugih dhuwit/rejeki
Kayuswan : dawa umure
Kawibawan : hanggadhahi watak budi luhur
Sasana, Busana, Baksana
Sasana : mbudidaya papan manut sakuwasanipun, dhedhasar sarujukan
Busana : ngagem busana manut sakuwasanipun, dhedhasar narima
Baksana : dhedhaharan ingkang jumbuh kaliyan wulu, wedalipun
Sama, Beda, Dana, Dhendha
Sama : pengrengkuhipun sami-sami ahli waris sami
Beda : nadyan darajat padha, reh kawajibanipun tetep beda
Dana : saged jagi asmanipun satunggal-satunggalipun
Dhendha : adiling ukum, boten wigah-wigih, elik-elik dhumateng sasaring tumindak satunggal-satunggalipun
Malima (Momong, Momot, Momor, Mursid, Murakabi)
Momong : sage ding ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani. Kajwi dhawuh ugi saged nuladhani
Momot : ing atasipun kakung sasaged-saged kedah asipat bebasan weteng segara gulu bengaan. Tegesipun sarwa saged hamadhani awon lan sae, tan gampil serik lamun cinacat, ugi boten gampil bombing menawi kaalembana
Momor : gampil ing pasrawungan, ingkang esthinipun mamrih jembaring pasrawungan, miwah ngrembakaning karukunan, kanthi boten mbenten-mbentenaken derajat lan pangkat
Mursid : landep ing panggrahita, boten cengkah kaliyan tegesipun kautaman, ing idhep hamung mamrih saya indhaking darajat brayat lan kulawarga, ingkang pungkasanipun migunani tumrap bebrayan
Murakabi : boten among kangge kabetahaning brayat kemawon
dari berbagai sumber

Tidak ada komentar:

Posting Komentar