English French German Spain Italian Dutch Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified

Sabtu, 17 April 2010

Panatacara Upacara Kirab Temanten

Para lenggah kakung sumawana putri ingkang satuhu luhuring budi, keparenga sedya temanten sarimbit badhe jengkar saking sasana rinengga, arsa kinirapaken wonten ngarsaning para tamu, tumunten manjing sasana busana, saperlu rucat busana kananredran, santun busana kasatriyan. Tataning kirab sinanggit ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani. Kados-kados sampun samekta ing gati para paraga ingkang badhe njengkaraken putra temanten, menggah kaleksananing sedya kawula sumanggakaken dhumateng para ingkang piniji. Jengkaring Sang Suba Manggala lamun cinandra kawistara piyaking ngarsa tangkep ing wuri ( Gending Ayak-ayakan laras pelog pathet barang ), utawi binarung rerepan Sekar Pangkur Gedhong Kuning, laras pelog pathet barang. Wondene jengkaring temanten sarimbit saking sasana wiwaha tumuju sasana busana binarung ungeling Ketawang Langengita Srinarendra, laras pelog pathet barang.
Rerepan Sekar Pangkur Gedhong Kuning.
  • Singgah singgah kala singgah
  • pansuminggah durga kala sumingkir
  • singa hama singa wulu
  • lan suku sing asirah
  • singa tenggak miwah kala singa buntut
  • padha sira suminggaha
  • muliha ing asal neki
Satelasipun rerepan Pangkur meniko, kalajengaken Ayak-ayakan, laras pelog pathet barang.
Kangge sutresnaning para sanak kadang ingkang remen tuladha jawi utawi panatacara kangge upacara kirab temanten, meniko saged dipun pundut minangka kangge ageman bokmenawi sakwanci-wanci dipun kersakaken.
TULADHA RUMPAKA
(PANYANDRA TEMANTEN KIRAB I)
Wus dumugi unggyan ingkang timuju. Ki Suba Manggala gya asung dhumateng putra temanten sarimbit mulya jengkar saking sasana rinengga, jengkaring putra temanten pindhane Sri Narendra lagya cengkrama kalihan ingkang garwa ( lajeng mungel Ketawang Langengita Srinarendra laras pelog pathet barang )
Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, padatan kirabing putra temanten punika dipun rumpaka, wondene rumpaka punika wonten kalih, (1) rumpaka panyandra, (2) rumpaka wedharan, keparenga kula ing mriki ngaturaken rumpaka wedharan, binarung swaraning gangsa kang hambabar ketawang Langengita Srinarendra katingal putra temanten jengkar saking sasana rinengga keparenging sedya marak sowan wonten ngarsanipun para rawuh manjing ing panti busana arsa ngrucat busananing kanarendran badhe hangrasuk busana kasatriyan, sinten ta pinangka pangarsaning lampah inggih winastan suba manggala ingkang ateges suba punika sae, manggala punika dados pangarsa ingkang sae, mila mboten mokal lamun ta kadang ………………………………………………. Piniji pinangka pangarsaning lampah ingkang mengku werdi asung pralampita dhateng putra temanten sekalian engeta dhumateng Gusti ingkang akarya loka, mila jejering manggala suba naming setunggal, sinamunging lampah kisuba manggala, talang pati inggih satriya kembar pimilih taruna kang bagus warnane kembar busanane mengku prlampita dhumateng putra temanten tansaha kembar pakartine, kembar cipta, rasa lan karsane, menggah werdinipun satriya prlampita mugi sri atmaja temanten sageta hanglenggahi jejering satriya tama ingkang winengku tri prakawis :
1. ora golek seneng nanging kudu bisa gawe senenging liyan.
2. ora golek marem nanging kudu bisa gawe mareming liyan.
3. ora golek jeneng nanging kudu bisa njunjung asmaning liyan, inggih tiyang ingkang sampun saget nindakaken tri prakawis punika sanget pikantuk sesebatan satriya tama ingkang abudi luhur, punika pangajabing putra temanten.
Sinambunging wuri tindakira satriya kembar lah punika ta warnanira ingkang winastan patah sakembaran ingkang dumadi saking Kenya alit-alit ingkang ayu-ayu warnane edipeni busanane, asung prlampita dhumateng putra temanten pinangka :
P anutan
A mrih temanten sekalian
T ansah bisoa
A sih, asah, asuh ingkang sarta
H ayu, hayom, hangayemi.
Ingkang lumaksana sawingkingipun patah skembaran lan punika ta pinangka punjering cinarita inggih sekaring pawiwahan, tindake putra temanten sekalian ingkang kinanthi panjenenganipun Ibu ……………………………….. saha Ibu …………………………………. Anggenya lumaksana tansah kekanthen asta bebasan renggang gula kumepyur pulut datan benggang Sarema, sapecak mangu satindak kendel ing sedya among meminta nugrahaning Gusti ingkang sarta nyuwun dhumateng para rawuh mugi anggenya netebi darmaning gesang ngancik ing alam madya ingkang linantaran hanambut sih sutresna susila hakrami tansah pinaringan rahayu nir hing sambe kala, ingkang lumaksana salajur sisih jajar kalih sawingkingipun putra temanten nuninggih pethanipun putrid dhomas, menawi wonten hing Ngayogyakarta winastan pager hayu, menawi wonten Surakarta winastan Dhomas, dho kalih emas punika kawan atus, jangkep wolung atus mengku prlampita dhumateng putra temanten bisoa hanetebi hasta karya hasta brata karyaning bebrayan agung, wekdal punika putrid ingkang pindha dhomas naming nemen ingkang nderekaken jengkaring putra temanten ingkang ateges nemtokaken jumbuh ing raos sejati kang tumanduk dhumateng putra temnaten hingkang ginebeng nem prekawis inggih punika :
1. wahyaning raos hasmara nadha inggih sengseming pangucap
2. wahyaning raos hasmara mala inggih sengseming manah
3. wahyaning raos hasmara tura inggih sengseming sih
4. wahyaning raos hasmara gama inggih sengseming saresmi
5. wahyaning raos hasmara turida inggih sengseming kaprihatosan
6. wahyaning raos hasmara tantra inggih sengseming turun
Sawingkingipun putrid kang apindha dhomas, para kadang wredha ingkang sami sarimbit kalihan garwa esthining manah among jurung puji hastuti puja hastawa mugi putra temanten anggenipun mangun bebrayan enggal tansah pinarengan karahajan ing jana loka prapteng loka baka.
Ingkang lumaksana sawingkingipun sri penganten sekalian ingkang rama saha ibu pinangka jejering pethiting lampah ingkag ing ngarsa asung tuladha ing madya mangun karsa ing wuri handayani rumaos bombing birawaning manah ingkag rama saha ibu ngawuningani putra temanten sekalian ingkang ginarubyug para kadang wandawa saha sineksen sanggyaning para rawuh, mugi anggenya netebi wajibing gesang lantaran nambut sih sutresna susilaning akrami tansa manggiha raharja mulya. Wus dhungkap unggyan ingkang tinuju sang suba manggala gya sung sasmita dhateng putra temanten mulya manjing ing sasana busana ngrucat busana kanarendran hangrasuk busana kasatriyan.
Para rawuh saha para lenggah makaten menggah anggen kul;a ngaturaken rumpaka wedharan kirabing putra temanten, pangalembana miwah panyaruwe kasumanggakaken dhumateng para rawuh saha para lenggah nuwun.
Sesampunipun dipun dindakaken kirab kanarendran, taksih wonten kirab kasatriyan nggih meniko temanten kekalih gantos busana lajeng sumarak wonten ing sasana palenggahan.
Panyandra sang suba manggala mapag kirabing temanten
Padhang hanarawang sumilak ppiyak katon hangilak-ilak marga agung kang tumuju dhumateng sasana rinengga. Ana sesotya coplok saking ngembanan, lumampah mabukuh yayah prayitneng kewuh, ngrememeng kaya lintang Bimasakti hanyuwak tutuking naga, lah punika ta warnanira kang ndaweg hanawung kridha, angayahi gati kinarya Suba Manggala ya Manggala Suba. Mangkana wus kekalung puspita rinonce, mila sigra madeg esthining driya, lenging cipta arsa mboyong sang pindha narendra tedhak mring panti busana.
Sinten ta asmane priya jatmika kang kepareng nyangkul jejibahan agung menika, sayekti tan sanes panjenenganipun adhimas ……………………………
Dhasar pideksa sarwa sambada, maksih mudha tumaruna wimbuh hambeg susila hanoraga, tandang tanduke prasaja tur ngresepake, grapyak semanak marang sapa wae, prasaja busanane, prasaja uripe, luhur bebudene. Katitik saking solah bawa, ebahing sarira liringing netra, ukeling asta, tumapaking pada ngidak wirama, kapracihna bilih Sang Suba Manggala satuhu lebda ing budya.
Tindakira kadherekaken satriya sakembaran, kembar dedege, kembar baguse, kembar busanane lamun cinandra pindha jambe sinigar, ingguh punika ta warnanira Talang Pati, Manggalayuda ya Pratiwa Manggalasuba.
Sumambunging wuri, barisane para kenya Srikandhining praja Nuswantara. Busanane sarwa edi, solah bawane merak ati, eseme ndudut ati, kedheping netra ngrujit ati. Lumampah jejer kalih-kalih salajur sisih, gandhes luwes wiragane, susila patrape, hangujiwat eseme, pindha ngawe-awe para kang ana sandhinge.
Laju lampahe Risang Manggala Suba, samangke sampun prapta unggyaning kang tinuju, mila lajeng suka sasmita mring sekaring pawiwahan, gya jengkar saking palenggahan manjing pepengkeran.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar