English French German Spain Italian Dutch Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified

Sabtu, 17 April 2010

Basa Rinengga Pawiwahan Mantu

BASA RINENGGAKANGGE ING PAHARGYAN/PAWIWAHAN MANTU
1. Binarung swaraning pradangga hangrangin hambabar Ketawang Puspawarna, ana ganda hanggambar arum katiyub ing samirana manda, kawistara jengkaring Sri Atmaja Temanten putri mijil saking tepas wangi, tepas mengku werdi “papan”, wangi wus hangarani.
2. Tindakira Sri Atmaja temanten putri hamucang kanginan, lengkeh-lengkeh pindha singa lupa, sapecak mangu satindak kendel, pangudasmaraning driya ingkang dereng kawijil ing lesan, hangrantu praptaning mudha taruna minangka gegantilaning nala.
3. Kawistara Sri Atmaja penganten putri sampun lenggah hanggana raras wonten sasana adi, inggih sasana rinengga.

4. Binarung swaraning gangsa ingkang hambabar Ladrang Wilujeng, kawistara jengkaring putra temanten kakung saking wisma palereman, ing pangajab mugi tansah manggih kawilujengan kali sing sambekala. Gumebyar busananing putra temanten kakung, hangagem busana ingkang tinaretes benang sotya, ngagem kuluk kanigara hememba busananing Nata.
5. Wus tinata titi tataning gati, nuninggih putra temanten kakung sampun jumeneng wonten sangajenging wiwara kepareng badhe hanetepi upacara pasrah.
6. Hangemban dhawuh wigatosing sedya, kepareng hing mangke penganten kakung kula pasrahaken tuwin kula sumanggakaken dhumateng pinangka sulih salira Bp. ………………………………………. Cundhuk kaliyan lampahing upacara ingkang sampun rinantam.
7. Saya caket tindakira putra temanten kekalih, gya temanten kekalih samya apagut tingal, tempuking catur netra handyani pangaribawa ingkang hambabar manunggaling nala ingkang tumanem ing sanubari.
8. Mila winastan “Suruh” lamun dinulu beda lumah lawan kurebe yen ginigit tunggal rasane, mengku pralampita dhumateng putra temanten mugi tansah manunggal cipta, rasa miwah karsane. “Suruh” asung pituduh “Samurupa nganti weruh” bisoa nganti tekan “Rosing rasa” inggih rasa sejati.
9. Paripurnaning titi laksitaning upacara panggih, putra temanten sekalian gya sinegeban sindur dening ingkang rama, asung pralampita putra temnaten tansah tinuntuna ing reh kautaman anggenipun ngancik ing alam madya, tansah pinaringan karaharjan, kamulyan hanjayeng bawana salaminya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar