English French German Spain Italian Dutch Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified

Sabtu, 17 April 2010

Rerepan Kirab Kasatriyan

• Untuk mengiringi kirab kasatriyan pada upacara penganten adat jawa, biasanya dikumandangan kidungan atau rerepan. Berikut ini salah satu rerepan dengan tembang sekar sinom.
• Rerepan Kangge Nyarengi Kirab Kasatriyan
• Sekar Sinom
• Mijil kang pindha narendra,
• den garubyuk para cethi,
• mancorong ponang wadana,
• pindha Komajaya Ratih,
• rinengga-rengga peni,
• gawok ngungun kang handulu,
• sinung prabawa maya,
• hangadhang mulya sejati,
• jroning driya asung pamuji Hyang Suksma.
• Pamujine mengku brata,
• meminta sihing Hyang Widhi,
• satindak lan tandukira
• mugyantuk berkahing Gusti
• uga muna lan muni,
• tinebihna salah dudu,

• tinuntun budi tama,
• pantes tinulad para janmi,
• pindha nata gya salin agem satriya.
• Hageman satriya tama,
• pinhane sang Gunungsari,
• iku kang temanten priya,
• kang putri lir ragil kuning,
• prasetya trus nyawiji,
• mrih lestari runtut-atut,
• ngesti mengkoni putra,
• tali tresna jaman mangkin,
• dwi kang putra wus cukup rengganing karma.
• Tindake sang sinatriya,
• kairing puji hastuti,
• wiraga mengku prabawa,
• mrabawani kang mriksani,
• hamemayu sesame,
• mahambeg satriya tuhu,
• yeku trah Pancasila,
• ngudi mulya lahir batin,
• tansah eling waspada bakti mring praja
• Widada manggih yuwana,
• sari kang pindha Narpati,
• rineksa pra wredha mudha,
• sumunar lir Dewa-Dewi,
• kongsi kaki lan nini,
• paminta kapranan kalbu,
• amrih bisa sembada
• ing akhir manggih Swarga di,
• wiji mulya kinarya ngrengga Nagara

• Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, sampun handungkap prapteng unggyan ingkang tinuju, subamanggala gya sung sasmita mring sri temanten nulya kalenggahaken wonten sasana adi, sang suba manggala sumawana para kadang Wandawa binger jroning wardaya karana wus bangkit hangentasi karya mulya wangsul mring papanira sowang-sowang nedya lerem salira kanthi suka pari suka sumangga nun nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar