English French German Spain Italian Dutch Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified

Sabtu, 17 April 2010

Rerepan Jengkaring Suba Manggala

• Berikut ini rerepan Dhandhanggula untuk mengiringi jengkaring Suba Manggala pada upacara temanten adat Jawa, untuk melengkapi postingan sebelumnya.
• Rerepan Dhandhanggula
• Kangge Nyarengi Jengkaring Suba Manggala

• Hanyarkara sinanggit memanis,
• hangrumpaka pahargyan prasaja,
• dahat edi sanyatane,
• sinten kang nembe mantu,
• hamiwaha atmajaneki,
• mahargya marang putra,
• ingkang sampun dhaup,
• bapak ………………………….
• sekalian kang hanggung tulus marsudi,
• budayaning priyangga.



• Wus manunggal keblat hanyawiji,
• amrih bisa lestari widada,
• Sri penganten sakarone,
• jinangkung ing Hyang Agung,
• saniskara ingkang kaesthi,
• sembada kang sinedya,
• jumbuh kang ginayuh,
• guyub rukun ing bebrayan,
• runtut atut tumekaning kaki lan nini,
• manggiha bagya mulya.
• Satelasing sekar Dhandhanggu kalih pada punika, menawi dereng cekap saget dipun sambung Ayak-Ayak Sl.9
dari berbagai sumber

Tidak ada komentar:

Posting Komentar