English French German Spain Italian Dutch Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified

Sabtu, 17 April 2010

Panata Cara Pahargyan

Atur Pambuka Panata Cara
Pasrah Panampining Lamaran
Bismillah hirrohman nirrohim
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepayoning kautaman, ingkang pantes pinundhi, para duta saraya saking kadang besan sutresna ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung putrid, kadang wredha mudha ingkang winantu suka basuki..
Mradapa keparengipun Bp. …………………… sekalihan sumrambah para kulawangsa ing kelenggahan punika, kula piniji pinangka pambicara wontenipun upacara pasrah panampining upakarti miwah lamaran pinangka jejangkeping tata cara salaki rabi.
Namung sakderengipun kula ngaturaken urut reroncening adi cara ingkang sampun karakit dening para kulawarga, cundhuk kalihan kuncaraning bangsa ingkang linambaran agunging Pancasila, sumangga nun kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah ingkang Maha Agung, karana ageng barokah saha rohmat ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula.
Sinawung raos syukur ing ngajeng, mugi lampahing adi cara pasrah panampi lamaran saha upakarti pinangka jejangkeping pala karma tansah pinaringan rahayu tebih ing sambekala.

Nun inggih para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, keparenga panata cara murwani lekasing sedya ingkang punika enggal badhe binuka lampahing adi cara ingkang rinamtam para kulawangsa.
Nun inggih :
Tinarbuka atur pambagyaharjo saking ingkang hamengku gati dening tetuwangga ingkang sampun paniji.
Atur panampi dening tetuwangga ingkang pinangka sulih saliranipun Bp. ……………… ingkang mengku gati. Kaleksananing adi cara liru kalpika (menawi wonten). Tanggap wacana sawatawis saking pinisepuh pinangka tumuju dhumateng kasaenan (menawi wonten).
Paripurnaning sedya hambok bilih ing mangke wonten pratandha saking kulawarga minangka paran para.
Mekaten para tamu saha para lenggah urut reroncening tata adi cara pasarah lamaran ingkang sinanggit dening para kulawarga, kasuwun wontena suka lilaning penggalih para lenggah tansah hanjenengi ngantos dumugi purnaning gati.
Nuwun, nwun, matur nuwun.
adicara lamaran temanten, yaitu mulai dari atur pasarah lamaran, panampi lamaran, liru kalpika (tukar cincin), dan atur paripurnaning gati.
• Atur Panata Cara Sesampunipun Adicara Pambagyaharjo
• Terwaca cetha kaduk ruruh hangarah prana aturipun Bp. ………………….. pinangka sulih salira
ingkang kawengku gati. Para lenggah kakung putri ingkang satuhu kinurmatan, salajengipun
dumugi laksitaning tata adi cara atur pasrahipun saking duta saraya badhe/calon kadang besan.
Wondene ingkang pinangka sulih salira nun ninggih panjenenganipun Bp. ……………………
• wekdal kasumanggakaken.
• Atur Pasrah Lamaran Saking Duta Saraya

Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Panjenenganipun para pepundhen, para sese[uh, para pinisepuh ingkang pantes pinundhi,
pajenenganipun purna karya labet praja, para sentana warga saking Bp. ………………………
sekalian garwa (ingkang mengku gati) ingkang pantes kinurmatan, para kadang wredha muda
ingkang bagya mulya.
Amit pasang paliman tabik, ila-ila dina sinabetna ing ila duni tinebihna tulak sarik
dhumawahing tawang-towang, mugi linepata saking siku dhendhaning Gusti Allah ingkang
Maha Kuwasa, kalilanana kula matur kanthi ngadeg wonten ngarsa penjenengan sadaya
saperlu nggempil kamardikan penjenengan ingkang katemben wawan pangandikan, karana ing
kalenggahan punika kula piniji ngembani wuwus dados duta saraya miwah cundhaka sulih
saliranipun Bp. ………………………….. sekalihan.
Tinarbuka keparenga langkung rumiyin kula ngaturaken puji syukur wonten ngarsa
dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung, awit saking barokah saha rohmatipun ingkang tansah
kaparingaken dhumateng penjenengan sadaya dalasan kula, saengga maksih pinarengaken
kempal manunggal kanthi karaharjan tebih ing sambekala. Sinawung raos suka ing ngajen,
keparenga kula ngaturaken wosing gati menggah pisowan kula sakadang.
Nun inggih maligi katur wonten ngarsanipun Bp. …………………… ekalihan garwa
(ingkang mengku gati) kula pinangka sulih saliranipun Bp. ……………………. Seklihan
ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjenengan sumarambah para kulawarga
samudayanipun. Wondene wigatosing gati pisowan kula sakadang saperlu ngaturaken
wudharing gantha babaring sedya. Nun inggih ing nguni Bp. ………………….. sekalihan
hangggadhahi putra jalu kekasih pun Bgs. ………………………….. wondene Bp. ………………..
sekalihan garwa (mengku gati) hanggadhahi Kenya taruni sesilih Rr. …………………………..
gumolonging pirembagan nedaya hangraketaken balung apisah daging arenggang bebasan
ngebun-ebun enjang anjejawah sonten ndhodhok latar ndhodhog lawang sumedya nginang
jambe suruhe, kanthi atur makaten karana sampun jumbuh anggenipun pepetangan, saha
sampun manunggal cipta, rasa miwah karsa, agenging manah ingkang tanpa pepindhan Bp.
………………… sekalihan anggennya sampun katampi pangalamaripun pramila ing
kalenggahan punika Bp. ………………………… seklihan ngaturaken sarana miwah upakarti
pinangka jangkeping tata cara salaki rabi.
Nun inggih perlu kula aturaken mriki ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Bp.
……………………….. sekalihan garwa.
Senggan saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun kanthi pangajabing sedya dadosa
sarana sahipun sesanggeman miwah racketing kekadangan satemah mboten saget pisah
salami-laminipun.
Kasoking katresnanipun Bp. …………….. sekalihan dhumateng Bp. ………………….. sekalihan
garwa ing mriki badhe ngaturaken malih ageman ingkang awujud …………………………… ing
• pangajab, pinangka agemanipun abdhe/calon penganten putri.
• Atur Panatacara Sesampunipun Pasarh Lamaran Ngancik Panampi
Mekaten para lenggah kakung saha putrid, atur pasarhipun Bp. ……………. Pinangka duta
saraya ing kalenggahan punika, kanthi prastawa cetha wijang wijiling pangandikan, ingkang
salajengipun pasarah sarana badhe katampi panjenenganipun Bp. …………………….
Minangka sulih salira Bp. ……………….. sekalihan (mengku gati) Wekdal kasumanggaken,
• sumangga nun.
• Atur Panampi Pasrah Lamaran

Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Dhumateng ……………………… (sesebutanipun kajumbuhaken kawontenan miturut
andhap inggiling pangkat kalenggahan ingkang sami rawuh).
Ngembani wuwus karsanipun Bp. ………………………… sekalihan, ing hari kalenggahan
punika kula piniji pinangka sulih salira nampi pasrahipun saking Bp. …………………….
Minangka cundhaka badhe/calon kadang besan sutresna, minangka purwakaning atur kula ugi
ndherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalam Gusti ingkang Maha Agung, awit sih
wilasa miwah barokah ingkang tansah sinandhang penjenengan sadaya dalasan kula.
Nun inggih panjenenganipun Bp. ………………………………. ingkang pantes
sinudarsana (ingkang pasrah) sadaya atur pasrah panjenengan hambok bilih sampun mboten
wonten ingkang karempit, kanthi raos suka ingkang tanpa pepindhan Bp. …………..…………
sekalihan lumantar kula
Nun inggih atur salam taklim saking badhe/calon kadang besan lumantar panjenengan kula
tampi, salajengipun dhumawaha sami-sami.
Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kula tampi kanthi suka
renaming manah, ing mangke badhe kula aturaken wonten ngarsanipun Bp. ……………………
sekalihan (mengku gati).
Atur panyuwunipun saking badhe/calon kadng besan menggah ijab panggihipun nadhe/calon
temanten mangke badhe kaleksanakaken, ijab wanci tabuh ……… panggih wanci tabuh ……….
Mboten kekilapan panjenenganipun Bp. ………………… sekalihan among ngaturaken panuwun
menggah sadaya peparingipun badhe/calon kadang besan sutresna, pratandha yekti kasoking
katresnan dhumateng Bp. …………….. sekalihan (mengku gati) mugi dadossa sarana racketing
kekadangan sami-sami netepi darmaning sepuh anggenya ngentas pitulus putra pinaringan
raharja mulya.
Amung semanten panampi saking Bp. …………………… sekalihan lumantar kula,
ngaturi uninga bilih wahyaning mangsa kala tumapaking ijab utawi panggih kasuwun
panjenenganipun Bp. ………………. Sekalihan garwa wontena suka lilalaning penggalih
hanjenengi paring pudyastuti murih rahayuning sedya.
Pepuntoning atur kula hambok bilih kirang hamuju prana anggen kula nampi labet kula
hanglenggana kiranging seserepan saha kirang pana dhumateng wewatoning para winasis ing
reh basa tuwin sastra, ingkang punika panjenenganipun Bp. ……………………. (ingkang
pasrah) sumarambah para lenggah sadaya mugi keparenga hangandhapna agunging
• pangaksama, ing wasana Wabillahi taufiq wal hidayah. Wassalamu’ alaikum Wr. Wb. Nuwun
• Atur Panatacara Sasampunipun Panampi Pasrah Lamaran
Kanthi terwaca cetha atur panampi saking Bp. ………………………. minangka sulih saliranipun
ingkang hamengku gati, ingkang salajengipun dipun wonteni paniti priksa sarana ingkang
kapasrahaken saha kaleksanakaken paragon saking duta saraya (ingkang pasrah) dhumateng
panampi pasrah, ujuding arta miwah jene selajengipun kaaturaken dhumateng ingkang mengku
• gati, kaleksananing sedya kasumanggakaken.
Atur Panatacara Badhe Liru Kalpika Para lenggah kakung putrid ingkang sinuba ing pakurmatan jumbuh kalian pamitanipun saking
calon kadang besan, ing mriki kepartengipun Bp. ………………… ingkang mengku gati
kaleksanakaken wontenipun liru kalpika dening para kulawarga ingkang pinji mratitisaken.
Wondene para kulawarga ingkang piniji nun inggih panjenenganipun Ibu.
………………… ingkang hanganthi calon temanten putri panjenenganipun Ibu.
………………………dalasan Ibu……………………………., calon temanten kakung ugi kakanthi
panjenenganipun Bp. …………………. dalasan Bp. ………………………
Kados samudayanipun sampun samekta dhumateng para kulawarga ingkang piniji
wekdal kasumanggakaken. Wahyaning mangsa kala tumapaking liru kalpika katindakaken
dening calon penganten, sinubagya ungeling Ketawang Wigaringtyas/Langgam Ali-Ali laras
• selendro pathet menyura

• Atur Panatacara Salebetipun Liru Kalpika
Para lenggah kakung putri, kaleksanan liru kalpika, pangandikanipun para pinisepuh, liru
kalpika saget katindakaken saderengipun calon penganten kaijabaken utawi kapanggihaken,
wondene menawi sampun kaijabaken saget winastan imbal kalpika, tali asih minangka
• pratandha miwah tetenger bilih sampun wonten ingkang nggadahi
• Atur Panatacara Badhe Tanggap Wacana (menawi wonten)

Kanthi lulus raharja liru kalpika ingkang katindakaken calon penganten kakung miwah
penganten putrid, inggih awit saking keparengipun Bp. ……………………… sekalihan (mengku
gati) mrih calon penganten tansah manteb anggenya badhe netebi pala karma mboten nalisir
saking prajanji ingkang sampun wonten paugeran ingkang antawisipun calon penganten kakung
miwah calon penganen putrid, saha tansah asah, asih, asuh, mboten kengguh dhateng
panggodha, ingkang punika badhe wonten tanggap wacana saking pinisepuh ngiras pantes
paring piweling dhumateng calon penganten kekalih tumuju kasaenan. Wondene ingkang
kepareng atur tanggap wacana nun inggih Bp. …………………… Wekdal kasumanggaken,
• sumangga nun.
• Atur Panatacara Wonten ing Swasana Mirunggan
Para lenggah kakung putri ingkang pantes sinudarsana, laksitaning tata adi cara ingkang
sampun rinakit dening para kulawarga kados sampun kaleksanakaken kanthi pinayungan
karaharjan tebih ing sambe kala.
Namung panyuwunipun Bp. ……………………….. ingkang mengku gati) panjenenganipun para
lenggah kakung putrid kasuwun lelenggahan kanthi mirunggan dumugi paripurnaning gati, kula
aturaken ing mriki mbok bilih pratandha pari purnaning gati ing kalenggahan punika menawi
calon penganten kekalih miwah rama Ibu (ingkang mengku gati) sampun kawistara jumeneng
wonten sanggajengipun wiwara, ingkang punika kasuwun tansah nyebar godhong kawis, sabar
• ingkang sawatawis, nuwun, matur nuwun.
• Atur Panatacara ndungkap Paripurnaning Gati

• Handungkap titi mangsa kala pari purnaning sedya, karana urut reroncening tata adicara
• sampun kaleksanakaken dening para kulawarga.
• Para tamu kakung putri ingkang satuhu bagya mulya, saderengipun purnaning gati
• panjenenganipun Bp. ………………………….. sekalihan (mengku gati) raos syukur wonten
• ngarsaning Gusti ingkang Maha Agung kaleksananining sedya kanthi pinaringan wilujen nir ing
• sambekala, mboten kekilapan ngaturaken panuwun dhumateng para duta saraya sumarambah
• para tamu samudayanipun, ingkang punika Bp. ……………………. Sekalihan (mengku gati)
• tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, hambok bilih anggenipun
• nampi kerawuhan panjenengan wonten kiranging tangguh, guguh miwah suguh saha
• anggenipun ngaturi palenggahan panjenengan sadaya kirang hanuju prana kalihan andhap
• inggiling kalenggahan panjenengan sadaya, kagerba kiranging boja miwah karma, mugi
• diagung pangaksama panjenengan. Kula minangka pambiwara, ugi hanglenggana karama
• kiranging seserapan hanjalari kuthunging pamanggih miwah kirang pana dhumateng wewarah
• wewangsoning para winasis ing reh basa tuwin sastra, ingkang punika hambok bilih wonten
• kalepatan kula, mugi para tamu sadaya ngluberaken pangaksama ingkang ageng, calon
• penganten kekalih badhe kajengkaraken panjenenganipun Ibu. ………………………… miwah
• Ibu. ……………………………… tumuju wiwara ngajeng pratandha yekti purnaning gati.
• Hamung semanten pahargyan lamaran ingkang kaleksanakaken para kulawarga,
• sesantining Bp. …………………….. sekalihan (mengku gati) mugi tansaha rahayu, rahayu
• ingkang sarwi tinemu, kunduripun ndherekaken sugeng.
• Wabillahi taufiq wal hidayah. Wassalamu alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar