English French German Spain Italian Dutch Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified

Sabtu, 17 April 2010

Piwulang Utami

Secatur (sarupa, sajiwa, sawanda lan saekapraya)
Sarupa : kekalihipun rumaos menawi garwanipun punika bagus/ayu piyambak
Sajiwa : kedah saged momong watak satunggal-satunggalipun
Sawanda : adeging bebrayan pamonging gesang kekalih
Saekapraya : kedah jumurung dhateng karsa, cipta tuwin sedya ingkang sae lan utami
Tepa ing rasa, Dana ing tepa, Temen tobating rila
Tepa ing rasa : tepa menika ukuran, rasa punika pangraos. Samukawis patrap lan makarti punika kedah manut raosipun piyambak. Menawi tumrap raosipin boten sekeca ing prayogi, sampun dipun cakaken dhateng tiyang sanes
Dana ing tepa : rasa pangraosbmakaten punika, kula aturi ngecakaken ing bebrayan agung, adatipun saged sumingkir saking watak srei drengki, jahil methakil, dahwen, panasthen, kamiopen
Temen tobating rila : tumrap kakung, kanthi temen tresna garwa, martobat sampun tuman rabi malih, rila legawa narima trusing batos garwa satunggal boten telas salaminipun, adatipun saged nyaketaken tresna bektinipun garwa. Tumrap putrid semanten ugi, adatipun nyaketaken sih tresnanipun kakung
Guna, Kaya lan Sura
Guna : sugih kabisan
Kaya : saged ngendalekaken asil
Sura : pun wani utawi kendel
Sadaya gegayuhan saged kaleksanan, jer linambaran kuwanen, kados piwulangipun Prabu Rama dhateng Wanara Seta Anoman “Sapa wani ing gampang, wedi ing kewuh, samubarang nora bakal bisa kelakon”
Gemi, Nastiti, Ngati-ati
Gemi : ora gelem ngetokake waragat kang ora perlu
Nastiti : weruh ing petung, ora gampang keblithuk
Ngati-ati : bias ngormati marang guna kayaning laki
Rigen, Mugen, Tengen
Rigen : bias nata amrih tata lan prayoga
Mugen : manut sapakon, nora rongeh
Tengen : teteg utawi tawakal
Kabrayan, Kahartan, Kayuswan, Kawibawan (Panca utamaning gesang balewisma)
Kabrayan : sugi anak
Kahartan : sugih dhuwit/rejeki
Kayuswan : dawa umure
Kawibawan : hanggadhahi watak budi luhur
Sasana, Busana, Baksana
Sasana : mbudidaya papan manut sakuwasanipun, dhedhasar sarujukan
Busana : ngagem busana manut sakuwasanipun, dhedhasar narima
Baksana : dhedhaharan ingkang jumbuh kaliyan wulu, wedalipun
Sama, Beda, Dana, Dhendha
Sama : pengrengkuhipun sami-sami ahli waris sami
Beda : nadyan darajat padha, reh kawajibanipun tetep beda
Dana : saged jagi asmanipun satunggal-satunggalipun
Dhendha : adiling ukum, boten wigah-wigih, elik-elik dhumateng sasaring tumindak satunggal-satunggalipun
Malima (Momong, Momot, Momor, Mursid, Murakabi)
Momong : sage ding ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani. Kajwi dhawuh ugi saged nuladhani
Momot : ing atasipun kakung sasaged-saged kedah asipat bebasan weteng segara gulu bengaan. Tegesipun sarwa saged hamadhani awon lan sae, tan gampil serik lamun cinacat, ugi boten gampil bombing menawi kaalembana
Momor : gampil ing pasrawungan, ingkang esthinipun mamrih jembaring pasrawungan, miwah ngrembakaning karukunan, kanthi boten mbenten-mbentenaken derajat lan pangkat
Mursid : landep ing panggrahita, boten cengkah kaliyan tegesipun kautaman, ing idhep hamung mamrih saya indhaking darajat brayat lan kulawarga, ingkang pungkasanipun migunani tumrap bebrayan

Basa Rinengga Pawiwahan Mantu

BASA RINENGGAKANGGE ING PAHARGYAN/PAWIWAHAN MANTU
1. Binarung swaraning pradangga hangrangin hambabar Ketawang Puspawarna, ana ganda hanggambar arum katiyub ing samirana manda, kawistara jengkaring Sri Atmaja Temanten putri mijil saking tepas wangi, tepas mengku werdi “papan”, wangi wus hangarani.
2. Tindakira Sri Atmaja temanten putri hamucang kanginan, lengkeh-lengkeh pindha singa lupa, sapecak mangu satindak kendel, pangudasmaraning driya ingkang dereng kawijil ing lesan, hangrantu praptaning mudha taruna minangka gegantilaning nala.
3. Kawistara Sri Atmaja penganten putri sampun lenggah hanggana raras wonten sasana adi, inggih sasana rinengga.

Pemimpin Wicaksana

• Pada acara sungkeman oleh kedua calon mempelai kepada orang tua, biasanya dialunkan rerepan atau kidungan dhandhanggula. Sebelumnya hal yang sama juga telah saya upload rerepan jengkaring suba manggala disini, dan rerepan untuk kirab kasatriyan disini.
• Rerepan Dhandhanggula
• Kangge Nyarengi Upacara Sungkem

• Rama ibu kang luhuring budi,
• Ingkang hangukir jiwa lan raga,
• Kang agung pangurbanane,
• Paring pituduh luhur,
• Rina wengi tansah hangesthi,
• Mrih rahayuning putra,
• Lulus kang ginayuh,
• Sadaya ribet rubeda,
• Linambaran kanthi sabarang penggalih,
• Tuhu pantes sinembah.

• Kadya sinendhal rasaning ati,
• Panyungkeme kang putra sayuga,
• Tumetes deres waspane,
• Tan kanawa jroning kalbu,
• Ngondhok-ondhok rasaning galih,
• Alon ngandikanira,
• Dhuh angger putraku,
• Sun tampa panyungkemira,
• Muga-muga antuk barkahing hyang Widi,
• Nggonira jejodhohan.
• Piwelingku aja nganti lali,
• Anggonira mbangun bale wisma,
• Runtut atut sakarone,
• Adohna tukar padu,
• Tansah eling sabarang ati,
• Kuwat nampa panandhang,
• Tan gampang amutung,
• Dadiya tepa tuladha,
• Uripira migunani mring sesame,
• Hayu-hayu pinanggya.

Panata Cara Pahargyan

Atur Pambuka Panata Cara
Pasrah Panampining Lamaran
Bismillah hirrohman nirrohim
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepayoning kautaman, ingkang pantes pinundhi, para duta saraya saking kadang besan sutresna ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung putrid, kadang wredha mudha ingkang winantu suka basuki..
Mradapa keparengipun Bp. …………………… sekalihan sumrambah para kulawangsa ing kelenggahan punika, kula piniji pinangka pambicara wontenipun upacara pasrah panampining upakarti miwah lamaran pinangka jejangkeping tata cara salaki rabi.
Namung sakderengipun kula ngaturaken urut reroncening adi cara ingkang sampun karakit dening para kulawarga, cundhuk kalihan kuncaraning bangsa ingkang linambaran agunging Pancasila, sumangga nun kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah ingkang Maha Agung, karana ageng barokah saha rohmat ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula.
Sinawung raos syukur ing ngajeng, mugi lampahing adi cara pasrah panampi lamaran saha upakarti pinangka jejangkeping pala karma tansah pinaringan rahayu tebih ing sambekala.

Panatacara Upacara Kirab Temanten

Para lenggah kakung sumawana putri ingkang satuhu luhuring budi, keparenga sedya temanten sarimbit badhe jengkar saking sasana rinengga, arsa kinirapaken wonten ngarsaning para tamu, tumunten manjing sasana busana, saperlu rucat busana kananredran, santun busana kasatriyan. Tataning kirab sinanggit ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani. Kados-kados sampun samekta ing gati para paraga ingkang badhe njengkaraken putra temanten, menggah kaleksananing sedya kawula sumanggakaken dhumateng para ingkang piniji. Jengkaring Sang Suba Manggala lamun cinandra kawistara piyaking ngarsa tangkep ing wuri ( Gending Ayak-ayakan laras pelog pathet barang ), utawi binarung rerepan Sekar Pangkur Gedhong Kuning, laras pelog pathet barang. Wondene jengkaring temanten sarimbit saking sasana wiwaha tumuju sasana busana binarung ungeling Ketawang Langengita Srinarendra, laras pelog pathet barang.

Prosesi Pernikahan Adat Jawa

Indonesia yang kaya akan berbagai ragam budaya, adat istiadat dan tradisi yang dimiliki merupakan karya budaya pendahulu kita. Kebanyakan orang hanya mengenal prosesi pernikahan yaitu siraman dan midodareni, padahal ada beberapa rangkaian prosesi lain yang tak kalah pentingnya, walaupun terkesan ribet dan njelimet. Namun tidak ada salahnya untuk mengenal lebih jauh dari pada prosesi pernikahan adat jawa.
Prosesi pernikahan adat jawa dimulai dengan acara siraman, yang dilakukan sebagai proses pembersihan jiwa dan raga yang dilakukan sehari-hari sebelum ijab kobul.
Ada 7 (tujuh) pitulungan (penolong) yang melakukan proses siraman, artinya merupakan campuran dari kembang setaman atau yang disebut Banyu Purwitosari yang diambilkan dari 7 sumber mata air (sumur). Dimulai dari siraman oleh orang tua calon mempelai, kemudian siraman oleh pemaes (penghias) yang dilanjutkan dengan memecahkan kendi. Menginjak malam acara dilanjutkan dengan midodareni, yaitu malam kedua mempelai melepas masa lajang. Dalam acara yang dilakukan dirumah kediaman perempuan ini diadakan acara nyantrik untuk memastikan pengantin laki-laki akan hadir pada ijab kobul dan kepastian bahwa keluarga mempelai perempuan siap melaksanakan perkawinan dan upacara panggih.
Upacara Panggih
Selesai acara akad nikah dilakukan upacara Panggih, dimana kembang mayang dibawa keluar rumah dan diletakkan dipenyimpanan dekat rumah yang tujuannya untuk mengusir roh jahat. Setelah itu pengantin perempuan yang bertemua dengan pengantin laki-laki akan melanjutkan upacara dengan melakukan rangkaian kegiatan :
1. Balangan Suruh, yaitu melempar daun sirih yang melambangkan cinta kasih akan kestiaannya berdua.
2. Wiji Dadi, mempelai laki-laki menginjak telor ayam hingga pecah, kemudian mempelai perempuan membasahi kaki sang suami dengan air bunga. Proses seperti ini melambangkan seorang suami dan ayah yang bertanggung jawab terhadap keluarganya.
3. Pupuk, Ibu mempelai perempuan mengusap mempelai mantu laki-laki sebagai pertanda ikhlas menerimanya sebagai bagian dari keluarganya.
4. Sinduran, artinya disini berjalan perlahan-lahan dengan menyampirkan kain sindur sebagai tanda bahwa kedua mempelai sudah diterima sebagai keluarganya.
5. Timbang, kedua mempelai di pangkuan bapak mempelai perempuan sebagai tanda kasih sayang orang tua terhadap anak dan menantu sama besarnya.
6. Kacar-kucur, yang dituangkan ke pangkuan perempuan sebagai simbol pemberian nafkah.
7. Dahar Klimah, saling menyuapi satu sama lain yang melambangkan kedua mempelai akan hidup bersama dalam susah maun senang.
8. Mertui, orang tua mempelai perempuan menjemput orang tua mempelai laki-laki di depan rumah untuk berjalan bersama menuju tempat upacara.
9. Sungkeman, kedua mempelai memohon doa restu dari kedua orang tua.
dari berbagai sumber

Panca Laksita Tama

Piwulang saking para pinisepuh dumateng kautamanipun jejering manungsa ingkang saged kangge panutan kawulanipun :
1. Memayu hayuning bawana, werdine : Tansah marsudi mbangun pribadine dewe.
2. Memayu hayuning sesama, werdine : Kudu bisa gawe tentreme para kawulane.
3. Dados juru ladosing bebrayan ingkang sae, werdine : Punapa ingkang dados ka[erluanipun para kawulanipun, kedah dipun penggalihaken ingkang saestu.
4. Sadaya keputusanipun tansah adamel senenging tiyang sanes, adil, hambeg paramaarta.
5. Sadaya tumindakipun linandhesan tresna welas asih dhumateng sinten kemawon.

Panatacara Kirab II Kasatriyan

Para rawuh saha para lenggah wonten ganda sumerbak arum katiyubing samirana manda, sung sasmita bilih putra temanten anggenipun ngrasuk busana kasatriyan sampun pari purna keparenga sedya humarak sowan malih wonten ngarsa panjenengan sadaya, kaladuking atur winastan kirab kasatriyan, hambok bilih sampun samekta ing gati sawega ing dhiri, kasumanggakaken dhumateng para-para ingkang paniji, kiraping putra temanten binarung ungeling ketawang Subakastawa, sumngga nun nuwun.

Panatacara Badhe Paripurnaning Gati

Wahyaning mangsa kala wus ndungkap paripurnaning adicara jumbuh kaliyan urut reroncening adicara purwa, madya, wasana sampun kalampahan kaleksanan dening kulawangsa, kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambekala.
Minangka pratandha paripurnaning adicara, kasuwun panjenenganipun Bapa/Ibu ………………………………….., keparenga hanjengkaraken putra temanten sarimbit, tumuju wiwaraning wisma pawiwahan, ingkang saperlu anguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Kanthi mekaten pratandha pawiwahan prasaja ing siyang/dalu puniko sampun paripurna, sinartan sesanti jaya-jaya wijayanti, mugi rahayu ingkang samya ginayuh. Jengkaring putra temanten sarimbit sinawang gegleyongan lampahe ( Binarung : Ldr. Gleyong laras pelog pathet nem )
dari berbagai sumber

Panutup Pawiwahan Temanten

Sampun paripurna pahargyan prasaja ing siyang/dalu punika, lumantar pangendhaliwara sepindhah malih panjenenganipun Bapa/Ibu ………………………, ngaturaken gunging panuwun saha hambok bilih anggenipun hanampi menggah karawuhan panjenengan sami, wonten kuciwaning bojakrami, wonten anuh ingkang kirang wanuh, lungguh ingkang kirang mungguh, miwah suguh ingkang kirang lawuh, mawantu-wantu ingkang hamengku gati, nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

Upacara Siraman

Upacara Siraman Ini adalah panduan ataupun tuntunan untuk acara pernikahan dengan adat jawa (yang cukup rumit), sebelum acara pahargyan. Pada malam midodareni disana ada upacara siraman yang dilakukan oleh Bapak dan Ibu kepada kedua calon mempelai. Berikut cara melakukan siraman yang dikemas dalam bahasa jawa.
Upacara siraman, tinarbuka kanthi sowanipun putra calon penganten putri mjil saking sasana busana, manjing ing madyaning sasana upacara
Kalajengaken adicara pangabekten atur bektinipun putra calon penganten putri kakanthi dening rama lan ibu, tumuju dhumateng papan pasiraman, ingkang kawiwitan saking para pinisepuh, lajeng dipun pungkasi dening keng ramanipun putra calon penganten putrid. Wekasing sedya, tinengeran pamecahing Kendhisari.
Rapal mecah kendhi : Ora pati-pati mecah kendhi, nanging mecah Kendhisari, mecah pamore anakku jabang bayine Dyah …………………………….. (naminipun putra calon penganten putri), kadya mas sinangling, saking karsaning Allah.

Rerepan Jengkaring Suba Manggala

• Berikut ini rerepan Dhandhanggula untuk mengiringi jengkaring Suba Manggala pada upacara temanten adat Jawa, untuk melengkapi postingan sebelumnya.
• Rerepan Dhandhanggula
• Kangge Nyarengi Jengkaring Suba Manggala

• Hanyarkara sinanggit memanis,
• hangrumpaka pahargyan prasaja,
• dahat edi sanyatane,
• sinten kang nembe mantu,
• hamiwaha atmajaneki,
• mahargya marang putra,
• ingkang sampun dhaup,
• bapak ………………………….
• sekalian kang hanggung tulus marsudi,
• budayaning priyangga.

Rerepan Kirab Kasatriyan

• Untuk mengiringi kirab kasatriyan pada upacara penganten adat jawa, biasanya dikumandangan kidungan atau rerepan. Berikut ini salah satu rerepan dengan tembang sekar sinom.
• Rerepan Kangge Nyarengi Kirab Kasatriyan
• Sekar Sinom
• Mijil kang pindha narendra,
• den garubyuk para cethi,
• mancorong ponang wadana,
• pindha Komajaya Ratih,
• rinengga-rengga peni,
• gawok ngungun kang handulu,
• sinung prabawa maya,
• hangadhang mulya sejati,
• jroning driya asung pamuji Hyang Suksma.
• Pamujine mengku brata,
• meminta sihing Hyang Widhi,
• satindak lan tandukira
• mugyantuk berkahing Gusti
• uga muna lan muni,
• tinebihna salah dudu,

Rerepan Upacara Sungkem

• Pada acara sungkeman oleh kedua calon mempelai kepada orang tua, biasanya dialunkan rerepan atau kidungan dhandhanggula. Sebelumnya hal yang sama juga telah saya upload rerepan jengkaring suba manggala disini, dan rerepan untuk kirab kasatriyan disini.
• Rerepan Dhandhanggula
• Kangge Nyarengi Upacara Sungkem

• Rama ibu kang luhuring budi,
• Ingkang hangukir jiwa lan raga,
• Kang agung pangurbanane,
• Paring pituduh luhur,
• Rina wengi tansah hangesthi,
• Mrih rahayuning putra,
• Lulus kang ginayuh,
• Sadaya ribet rubeda,
• Linambaran kanthi sabarang penggalih,
• Tuhu pantes sinembah.